Kata-kata Bahasa Jawa Lucu Paling Kocak

By On Kamis, Februari 23rd, 2017 Categories : Bahasa jawa, gambar lucu

Kata-kata Bahasa Jawa Lucu Paling Kocak – Untuk kamu yang suka dengan kata lucu bahasa jawa, ini beberapa pantun atau parikan berbahasa jawa untuk membuat hidup kamu semakin ceria. Silahkan disimak dan share ke tema-teman kamu yang lain.

Liwat dalan petheng Ati ati onok wewe
Ge opo gantheng Nek ra gelem nyambut gawe

Lungguh manis kemulan sarung
ngombene wedang ronde

Sakdurunge janur kuning melengkung
Dongo iki namung kanggo kowe

Nonton wayang nang pasar jongke,
muni ra sayang ning isih sok mbayangke.

Kembang gedhang kembange jambu
Sueeeeeek kemana aja luuuuuu

gono sapi keli ning progo
iki ati tulung dijogo

Dolan umah bude karo gawa dodol
bacotmu gede tapi utekmu nol

isuk dele sore tempe
mung semene olehe mbut gawe

Kembang gedhang jenenge tuntut
Kembang lombok jenenge menik

Nembe dadi yang wis kakehan nuntut
Ditinggal rabi nangis mimbik2

sore-sore ning ngarep umah
ning arep umah nandur wit melati

cukup aku bae sing ngalah
trimo mundur timbang lori ati

Mangan ketan Nang nduwur loyang
Masio wes mantan Aku tetep sayang

kembang melati di ronce-ronce
gadah lathi ampun mencla mencle

pantai kartini kura-kura

Tuku pasir ning jepara, sing ditaksir ora peka…

jawa lucu

Tuku bawang kleru mrico
tiwas wes sayang jebul mung dianggep konco

HH

Bandung Bondowoso bangun candi prambanan,
Usaha nganti rekoso, jare ora ono pengorbanan.

Dino minggu hawane mendung
Tetep ngguyu senajan bar ketikung

Ning pasar minggu numpak metik
Iki malem minggu raono jadwal kentrik?

Debu

Ngombe jamu dicampur tebu,
aku tanpamu butiran debu

Mangan steak imbuh sego,
mbak’e cantek jenenge sopo?

Legi legi gendhis jawi
Monggo teng mriki, kulo entosi

jawa lucu3

Mepe ampyang neng nduwur gendeng,
isih sayang ning raiso nggandeng.

Mlaku mlaku ning pasar minggu
Nemu kolor warnane biru

Jare sliramu tresno aku
Jebul janjimu raiso digugu?

Kata-kata Bahasa Jawa Lucu Paling Kocak | Destiara Cahaya | 4.5